Friday, February 11, 2005

Jantung Nitor

Awan-awan bali kuliah pas lagi mlaku nang wetane nggone Yu Suyar ndilalah inyong nemu jantung. Jan-jane tah wis pirang-pirang dina inyong nggatekna kawit esih gemantung anangaring wit gedang."Ketone enak temen kae jantung", mbatine inyong. Eh pancen dhasare jodho, dina kuwe si jantung wis nlesep nang pagere embuh sapa.

Gandheng ora nana sapa-sapa tur ya enyong wis kencot banget, jantung kuwe banjur tek titor. Diarani nggragas ya emen. Terus enyong mampir maring warunge Yu Suyar, tuku bawang-brambang telungatus, lombok abang limangatus, kemiri rongatus (mung netuk rong blindhi, jan larang banget!), ampas kelapa limangatus, karo tempe limang iji.

Tekan ngumah ora nana sapa-sapa. Niliki sega esih ana, mau esuk berarti ana sing adang. Ya uwis, tek olah dhewek. Ganti klambi sedhela terus ngonceti jantung. Ketone tah gedhe ning nek kulit sing abang-abang wis diguwangi paling kari sekepel. Bar dionceti terus diparo terus digodog. karo ngenteni mateng inyong nggawe bumbune. Bawang brambang karo lombok diuleg, ditambahi kemiri terus diuyaih. Kabeh mau diuleg nganti alus.

Jantung sing wis mateng banjur dirajang-rajang. Tumpangna wajan anangaring kompor terus dilengani sethithik. Lenga wis panas bumbu dilebokna, dioasrang-asreng sedhela terus rajangan jantung dilebokna. Jan ambune enak temenan. Bareng ketone wis kalis disanteni. Wis kaya kuwe, kari ngenteni mateng.

Jangane jantung mateng, inyong banjur nggoreng tempe karo nyambel trasi.

Eh ya ndilalah inyong krungu ana swara montor teka. lha kiye..jurig-jurige pada teka. Eh temenan, adhi-adhiku pada bali. "Masak apa rika, Lik? Ambune tekan njaba" sing siji moni. "Wah ora kaya kakange enyong" ujare sing sijine maning bareng wis ndeleng ana jangan karo tempe. Loro-lorone banjur njokot piring. "Anu apa kuwe" sing ragil takon karo ngudek jangan. "Jantung", semaurku" anu nitor neng wetane Yu Suyar".

Bareng ngerti nek jantung kuwe olih nitor, ora nana sing gelem. Ya uwis, tek pangan dewek.

No comments: