Monday, June 30, 2008

Stuck In Traffic At Maghrib

becak pating slangkrah
montor, gedhe-cilik, pating slempit
hondha parkir seenggon-enggon
dalane kebek, bek
apa maning nek ana sepur liwat

angkutan padha ngetem ora eling enggon
supire gurisan karo udud
ora jere kelingan nek kiye dudu dalane mbaeh
klakson moni ora mandeg-mandeg
ora teyeng temen padha ngalah

dalane mung sepethil
ora bisa dikapak-kapakena maning
sing bisa diambakena mung manah

2 comments:

Anonymous said...

sapa suruh tinggal di bekasi..

Malaikat Kecil said...

itu logat jawa ngapak ya ko?

*terkekeh gara-gara kata 'pating slempit' 'teyeng temen' 'nek kiye', 'sepethil' sama 'maning'*

Pokoke', bisa ora bisa, nyong I lap yu sama tulisanmu ko'

hihiihihi ;-)